21 Nov 2017

Arti Seorang Sahabat

            Isuk iku aku tangi kedabalan, amarga wes jam 5.20 lan aku ana les isuk jam 5.30. Sawise tangi aku langsung nyandak anduh terus mlayu menyang jedhing, nggawe klambi, seragam aku langsung pamitan marang wong tuwa. Aku ndak sempet sarapan polae yen sarapan, aku bakalan telat. Jam tanganku nunjukake ham 5.45 sing nandake aku telat 15 menit.
            Oh iyo! Jenengku Lestari Cita Ayu biasane konco – koncoku nyeluk Cita utawa Tari. Aku sak iki sekolah ing SMAN 05 Surabaya, lan wes kelas 3 SMA. Aku duwe kanca sing wis akrab banget karo aku mulai awal mlebu SMA nganti saiki, jenenge Rara. Rara lan aku wis kaya permen karet, susah dipisahno. Yen aku nang kantin, pasti ana Rara ig sebelahku. ,balik nang kedadean isuk iku. Aku mlebu kelas.
            “Assalammualaikum”
            “Waalaikumsalam” jawab Bu Idah singkat.
Aku lali yen saiki les pelajarane Bu Idah, masalahe Bu Idah terkenal karo kegalakane.
            “Ng – ngapunten bu, kula telat”
            “Oh, ngapa kowe telat nduk?” pitakone Bu Idah.
            “Ngapunten bu, kula kawanen angsale tangi”
Pas aku mlaku mejone, Bu Idah ngundang aku.
“Nduk kowe ojo lungguh dhisik! Kowe wis telat luwih teko 15 menit, mending   kowe ndak usah melu les isuk wae.” Jawab Bu Idah
            “Nggeh bu” jawabku alon.
Kring... kring... kring...
Bel muni tanda awite wektu les isuk wes mari. Bocah – bocah pada mlayu – mlayu metu kelas. Tiba – tiba Rara ngampiri aku.
            “He.. Cit awamu ana apa? Kok jarene Tata ndak diolehi mlebu kelase Bu Idah.” Takok Rara.
            “Aku kawanen tangine Ra” jawabku.
            “Wis dikandani lek turu ojo bengi – bengi, mambengi turu jam piro emang e?”
            “Jam setengah 1. He – he” jawabku nyengir.
            “Kowe lapo wae? Ngeronda?”
            “Heh iso wae awamu Ra. Aku Youtube-an nganti lali jam he – he”
            “Hehh.. Cita.. Cita.. kowe wis sinau Biologi gurung?”
            “Hah?! Biologi? Emange ono opo?” takonku kaget
            “Saiki ulangan bab 3 karo 3, Cit”
            “Aku durung sinau iki yaopo? Huu” jawabku bingung.
            “Ya wis sinauo Cit. Biologi marine istirahat kok” jawab Rara nenangno aku.
Jam pertama dimulai, Bu Siti mlebu menyang kelas. Pas Bu Siti sibuk njelasno aku meneng – meneng buka buku Biologi. Sampek Bu Siti mandek njelasno,
            “Nduk sing lungguh ing pojokan” arek – arek podo noleh nang aku. Aku langsung kaget.
            “Lapo nduk? Bu Siti ing kene njelasno supaya kalian pada ngerti loh yo mbok dihargai” kelas mendadak sunyi.
“Yo wis lah lek ngunu mending Bu Siti ndak usah ngajar. Assalammualaikum.” Bu Siti ninggalake kelas.
            Sak kelas pada bisik – bisik ngerasani aku. Aku langsung mblayu nemoni Bu Siti, njaluk sepura. Bu Siti ngomong ndak popo, tapi ojok diulangi maneh. Pas aku mbalik nang kelas, aku krungu Rara diajak ngomong karo kanca kelasku.
            “He Ra, awamu kok gelem seh kancaan karo Cita? Areke kan males.” Jarene.
Ndak gelem ngrungokno maneh aku langsung ninggalake kelas. Saiki wayahe jam istirahat. Muali mau aku meneng isng gazebo. Ngelamun. Ndak sadar lek Rara wis lungguh ing sandingku.
            “Cit teko endi wae, kok mulai mau ndak balik – balik?” takoke, aku noleh sekilas terus ngomong
            “Ra, koyoke awamu luwih apik lek ndak koncoan karo aku.” Jareku
            “Heh ngomong opo awamu?”
            “Aku mau krungu pas awamu ngomong karo Nanik, jarene aku males.” Jawabku karo delok ningsor.
            “Terus opo o? Sing dadi kancamu kan aku duduk Nanik, dadi iku terserahku kan.” Jawab Rara.
            “Aku ngerti kok lek awamu ndak males areke, cuman lagi ndak mujur wae nasibe hahaha” tambahe, saklepas iku aku ngguyu.
            “Hahaha.. Iyo dino iki aes tenan aku Ra..”
            “Hmm... pokok ojo diterusno kebiasaan sing ala iku Cit.. ayo buktino lek arek – arek iku salah. Buktina lek awamu iku ndak males.” Jare Rara.
            “Ra.. Suwun banget yo wis gelem dadi kancaku sing ngerti aku banget.” Jawabku karo nahan tangis.
            “Halah.. iso wae awamu Cit.. Aku yo kesuwun bisa duwe kanca kaya awamu.” Jawab Rara.
Kring... Kring... Kring...
Bel muni tanda wektu istirahat wis entek. Rara ngejak balik menyang kelas lan lungguh ing bangkune dewe – dewe.

Oleh :
Kelas : XII MIPA 3
Thalita Zhafirah Arifin            (29)

Vindy Yurike Oktavia              (30)

0 komentar:

Posting Komentar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Dwi Nurul Istiqomah Template by Ipietoon Cute Blog Design